Selasa, 22 Januari 2013

Kota Purwantoro,Wonogiri,Jawa Tengah, Indonesia

PURWANTORO

KECAMATAN PURWANTORO
Jl. Pemuda No. 41 Purwantoro, Wonogiri
Kepala : Drs. KHAMID WIJAYA, MM
Telp. (0273) 415001
Wilayah Administrasi : 2 Kelurahan, 13 Desa, 62 Dusun. Jarak : 42 km sebelah timur pusat Kota Wonogiri. Ketinggian : 296 m dari permukaan air laut. PURWANTORO adalah sebuah daerah kecamatan di kabupaten Wonogiri. Secara Geografis lokasi kecamatan Purwantoro berada di ujung paling timur provinsi Jawa Tengah. Bagian utara berbatasan dengan kecamatan Bulukerto, bagian selatan berbatasan dengan kecamatan Kismantoro, bagian barat berbatasan dengan kecamatan Slogohimo, dan bagian timur berbatasan dengan kecamatan Badegan provinsi Jawa Timur.
Secara umum kecamatan Purwantoro beriklim tropis, mempunyai 2 musim yaitu penghujan dan kemarau dengan temperatur rata-rata 24 0 C hingga 32 0 C.
PURWANTORO IN HISTORY
Dalam buku sejarah kab. Wonogiri, disebutkan kalo daerah pangreh projonya Pangeran Sambernyowo juga termasuk Purwantoro, cuma disebutkan kalo Purwantoro kala itu banyak tanah oro-oro nya sekitar th 1700an. Sekitar th 1741 lebih Purwantoro adalah sebuah daerah yg dipimpin oleh berbagai elemen wilayah yaitu JAJAR-BEKEL & DEMANG. Kemudian th 1923 Purwantoro jadi sebuah kawedanan & kec. Purwantoro dipimpin oleh seorang PENEWU PANGREH PRAJA yg dibantu oleh RANGGA & MANTRI MARTANIMPUNA, semua berada dibawah kendali MANGKUNEGORO…..(Andi Hartono)
PURWANTORO mekaten sejatosipun wonten salah setunggaling peninggalan bersejarah ingkang sak kelangkung agung lo kang mas…. cobi njenengan minggah dateng gunung mijil…. ing nginggil wonten sak wenehing Putri kraton Ngayogyokarto hadiningrat ingkang rikolo semanten nembe pados tombo anggenipun gerah… ananging dereng ngantos dumugi ing nginggil gusti saking ngayogyokarto hadiningrat kolo wau mboten kiat ngantos dumuginipun sedo. malah malah dayang ipun ingkang setunggal taksih wonten ing ngandhap sak njabanipun kali, wah rikolo semanten gunung mijil mekaten dipun ubengi kali ingkang ageng kang mas, ananging sareng kaliyan kemajengan jaman kali samangke sampun dipun rubah dados kitho Purwantoro. lajeng sinten putri kraton puniko :
1. Putri Arum kustiati ingkang samangke gantos nomo putri sekar arum
2. Nyi Jalifah ( Dayang ipun / saget dipun wastani biyung emban.
3. Canthing Joli ( meniko ugi kalebet Emban ) milo mboten mokal menawi dunung ipun Purwantoro manggen sak kidulipun Gunung Lawu sak leripun Gunung Brojo..ingkang winastan Sabuk Galeng. Dados sabuk Galeng mekaten tiyang rumiyen mastani badhe Slamet sak kabehing Rubedo…… Milo Rel kereta api kemawon, mboten saget melintas dateng Purwantoro. dados sampun Pur…. alias Purwo Utawi Purno. Naliko jaman welandi ke mawon mboten saget mlebet Purwantoro pora sedherek……. lajeng tembang canthing joli….meniko sampun nyethakaken…bilih canthing joli wong mbedhang kepalang kali….wutung wote……ngantos sedo wonten ing ngandhapipun gunung mijil…..(Gus Nanang)

PURWANTORO sakderengipun dados kawedanan (1923) kalebet wewengkon Keduang (jatisrono mangetan) wonten serat / buku KIDUNGAN PURWAJATI nedhahaken bilih Danyang ingkang nguasani Keduang lan sak kiwa tengenipun punika ” Klenting Mungil “. Bab Watak tiyang Purwantoro / keduang kalawau ” Lemah bang gineblekan “  tegesipun radi mogol utawi angel. Nadyan mekaten watak tiyang purwantoro kalawau saget dados ngedap-ngedapi menawi purun asring tarak brata / puja brata, kasumanggakaken. GUDANG KAPUK Rikala jaman jepang (1941-1945) Jepang ugi nguwasani kawedanan Purwantoro. Dene masyarakat rikala semanten katah ingkang ngasilaken kapuk / wohipun wit randu. Kapuk kalawau pun dadosaken bahan baku kagem pakaian, utaminipun pakaian tentara Jepang. Tentara Jepang ingkang sampun kaloka wengis ugi jarah / ngrebat asil bumi saking para tani. Dene Gudangipun mapan wonten tengah kitha Purwantoro ( sekarang depan Puskesmas ). Dene tahun 1980an, gudang kalawau taksih katingal inggil, pondasinipun lebet sanget, dene sak punika pun mboten wonten, kantun katingal pandasinipun, mapan sak ngajengipun Rawat inap Purwantoro. Mila mboten ngelok-ngeloki, menawi kadang padusunan ing Purwantoro, bilih nyebataken Rawat Inap Purwantoro, sanes Rawat Inap Purwantoro hananging ” Rawat Inap Gudang Kapuk “…..(Suyatno DP)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar